Loading...
「ツール」は右上に移動しました。
737いいね 79354回再生

Shinta A ft David C - Ora Ngemis Bali (Emanen Wektumu) | Sagita | Dangdut (Official Music Video)

Shinta Arsinta ft David Chandra - Ora Ngemis Bali (Emanen Wektumu) | Sagita Assololley | Dangdut (Official Music Video)
   • Shinta A ft David C - Ora Ngemis Bali...  

Title : Ora Ngemis Bali (Emanen Wektumu)
Artis : Shinta Arsinta feat David Chandra
Songwritter : Tatak Irwanto
Music : Sagita Djandhut Assololey
Produksi : Eny's Production
Kontak Job : 0822 3005 9699

Lirik,
Piye kahananmu saiki
Wong sing uwis nutup dalan?
Dalanku nggenahke atimu
Dalanku ngerti kahananmu
Ngertio jenengmu isih tak sebut
Ning saben dongaku

Emanen wektumu, tulung lalekno aku
Nangismu wis ora tak rungokke
Mesakno atimu, nggolek'o gantiku
Gusti wis nggariske aku kowe dewe-dewe

Opo salah aku kelingan kowe?
Aku ra ngemis bali
Mung perih ning ati Isih teles, durung mari
Ngoyak kowe, aku menyerah
Legowo atiku pasrah
Ku sing susah, koe sing bungah
Wis, yo wis lah

Wis suwe wektune kowe ninggal aku budhal
Nikah dijodohke leh ku ngroso setengah modar
Rabimu biyen nyisani cerito sing rung rampung
Kelangan tresnamu roso ati tansah gempung

Salahku nggon endi yen aku terus kelingan?
Jenenge kenangan ora cepet bablas ilang
Senadyan njero ati njaluk kowe iso bali
Bubar, yo wis bubar, jaremu aku wis ra berarti  

Emanen wektumu, tulung lalekno aku
Nangismu wis ora tak rungokke
Mesakno atimu, nggolek'o gantiku
Gusti wis nggariske aku kowe dewe-dewe

Arepo kowe nangis sak seru-serune
Aku tetep ra milih kowe
Lereno nyikso batinmu saben dino
Ngeling aku mung nambah loro

Opo salah aku kelingan kowe?
Aku ra ngemis bali
Mung perih ning ati Isih teles, durung mari
Ngoyak kowe, aku menyerah
Legowo atiku pasrah
Ku sing susah, koe sing bungah
Wis, yo wis lah

Opo salah aku kelingan kowe? (Salah tenan)
Aku ra ngemis bali (aku wis ro wonge)
Mung perih ning ati Isih teles, durung mari (tulung rasah bali)
Ngoyak kowe, aku menyerah (rasah ngoyak aku)
Legowo atiku pasrah (aku du jodohmu)
Ku sing susah, koe sing bungah
Wis, yo wis lah

Ku sing susah, koe sing bungah
Wis, yo wis lah  




YouTube channel managed by
MusicYes Digital Distribution
Fully YouTube Certified
Join MusicYes
musicyess.com/Account/Register

#OraNgemisBali #ShintaArsinta #DavidChandra #Dangdut